Pengikut

Diberdayakan oleh Blogger.
RSS

KHOTBAH




Mujudaken Pagesangan Rukun Ayem Tentrem
Assalamu’alikun Wr.Wb
Kaum muslimin muslimat ingkang insyaallah dimulyaaken Allah SWT .Sholawat serta salam dateng Nabi Muhamad SAW .
Saderengiun mangga panjenengan dalasa kula sami ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT ,amargi panjenengan dalasan kula sedaya taksih dipun paringgi kenikmatan ,hidayah lan inayah wonten masjid punika kangge ngelaksanakaken sholat jumat.
Para jamaah ingkang minulya ,pagesangan panjenengan dalasan kula sami wonten ing keluarga,masyarakat bangsa lan agama tentunipun ngarepaken dados pagesangan kanthi rukun,tentrem,lan dipun ridhoi kalian Allah SWT.Kangge mujudaken pagesangan menika wau perlu upaya kang awrat sanget.Panjenengan dalasan kula kedah anggadahi sifat welas asih marang liyan lan sifat kalawau dados pakulinan ing sabendinten.Panjenengan dalasan kula kedah ngurmati tiang sanes saengga mboten anggadahi sifat suuzdon/buruk sangka,mboten nyaritakaken eleking liyan,mboten nggoleki eleking tiyang sanes,lsp.Koyo dene firman Allah Ing Q.S Al-Hujarat Ayat 11:
Ingkang artosipun:
“wahai wong kang nduweni iman,kowe aja ngolok-olok golongane liyan merga bisa wae golongan sing diolok-olok kuwiluwih becik tinimbang sing ngolok-olok .Lan kowe aja sok ngelek-elek awakmu dewe ,kowe aja nyeluk kanthi jeneng sing ala elek-eleke jeneng kuwi ,sing ala sakwise iman.Lan sapa wong sing ora gelem mertobat ,deweke kuwi wong dzolim.”
Wonten ing Serat Al-Hujarat punika Allah negesaken bilih manungsa menika mboten angsal olok-olokan ,ngrasani,golek salahe liyan,lsp..Allah mrintahaken dumateng panjenengan dalasan kula supaya urip rukun,tentrem lan ngarep ridhoning Allah.
Mugi-mugi panjeengan dalasan kulasaged nglaksanakaken punapa titahipun Gusthi lan ngedohi punapa igkang dipun larang
Kaum muslimin ingkang dirahmati Allah,menika ingkang saged kula aturaken.Mugi –mugi panjenengan dalasan kula saged angsal pitedah saking Allah saengga saged urip ayem,tentrem ing pagesangan .Amin
Wabillahitoufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr.Wb

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

1 komentar:

Unknown mengatakan...

Duhh, apa kabar bro? asiik update uga nih blog mu, hehhehe

Posting Komentar